Mangertosi
Tata Upacara Penganten Adat Jawa
Polokrami inggih menika sawijinipun rerangken upacara
ingkang dipun lampahi antawisipun priya lan wanita kangge ngalalaken sedaya
tumindak ingkang magepokan kaliyan panggesangan salakirabi kangge mujudaken
sawijinipun balesorah. Kangge nglampahi polokrami, tiyang jawi mesti madosi
dinten ingkang sae, pramila kedah disuwunaken pirembugan saking para winasis
petungan dinten adhedasar patokan primbon jawi lan agami.
Sakderengipun polokrami katidakaken, wonten pinten-pinten
bab ingkang kedah dipun tindakaken, sae kangge calon penganten kakung
menapadene putri. Miterat Sumarsono (2007), tata upacara polokrami adat jawi
inggih punika :
Kaping 1 (antawicara)
Inggih punika pangandikan antawisipun pihak ingkang badhe
kagungan kajat mantu kaliyan pihak calon besan, saking pangandikan sepisan
dumugi anggenipun nglamar saha nemtokaken dinten ingkang gumathok (gethok dina)
Kaping 2 (Paseksen)
Babak punika mujudaken kangge ngiyataken rembag ingkang
disekseni kadang sanes utawi pinusepuh lan sesepuh kiwa tengenipun dalemipun,
kanthi rantamaning acara inggih punika :
1. Srah-srahan
Inggih punika nyaosaken saprangkat jangkepan sarana kangge
nglancaraken kaleksananipun kajat ngantos dumugi purna. Menggah saprangkat
jangkepan sarana inggih punika.
i) Sesupe Jane
Ingkang dipun damel bunder boten
wonten pedhotipun. Supados katresnan piyambakipunboten pedhot sedangunipun
gesang.
ii) Saprangken ageman putri
Maknanipun satunggal la
satunggalipun kedah pinter nyimpen pewados dhumateng tiyang sanes.
iii) Paesan ingkang
kadamel saking emas, inten, lan sak panunggale
Ngemu surasa supados calon penganten
saget nyupadi supados sumunar lan boten damel suwaning penganten priya.
iv) Jajanan pasar
Kadadosan saking jadah, lapis,
wajik, jenang ingkang sedanten kadamel saking beras ketan. Beras ketan
sakderengipun diolah hambur, ananging saksampunipun diolah,wujudipun dados
rumaket. Sakmenika ugi pangarep-arep temanten kekalih supados saget raket
saklawasipun.
v) Woh-wohan
vi) Godhong suruh
Godhong suruh punika ngajeng lan
wingkingipun benten warna. Ananging menawi dimamah rasanipun sami mawon.
Sakmenika anggadahi surasa menawi temanten kekalih saget jumbuh, tanpa
ngorbanaken benten pamawas.
2. Paningsetan
Lambang kekiyatanipun pangandikan temanten saget
ngawujudaken paningset ingkang ditengeri dening tukar kalpika dening calon
temanten kekalih.
3. Asok tukon
Inggih menika nyaosaken tukonarupi arta kagem mbiyantu
keluwarga penganten putri.
4. Gethok dina
Nggethokaken dinten kagem ijab qabul lan resepsi.
Biyasanipun, keluwarga penganten putri nggethokaken dinten ijab qabul saking
para winasis petungan dinten
Kaping 3 (siyaga)
Wonten ing babak punika, ingkang gadhah kajat nyedah para
sesepuh lan pinisepuh ugi sanak kadang, kagem ambentuk panitiya kagem nglampahi
kegiyatan upacara-upacara adat wonten ing dinten kajatan. Ingakng dipun
cepakaken antawisipun :
1. Sedahan
Inggih menika ngrakit sedahan ngantos dumugi panganduman.
2. Kumbakarnan
3. Jenggolan utawi Jonggolan
Calon temanten kekalih lapor dhateng KUA. Tata cara menika
asring dipunwestani tandhakan utawi tandhan, artosipun maringi tanda ing KPS
menawi badhe wonten kajatan mantu, kanthi ijab qabul.
Kaping 4 (Rantamaning Upacara)
Wonten pirang-pirang perkawis wonten ing babak punika,
antawisipun :
1. Pasang tratag lan Tarub
Pasang tratag ingkang dilajengaken pasang tarub. Ciri tarub
inggih menika ingkang mokoki rerenggan
janur lan paesan liya kanthi manca warni
2.
Kembar Mayang
Saking tembung kembar tegesipun sami, kaliyan mayang tegesipun sekar
jambe utawi Kalpataru Dewandaru, lambang karemenan lan sugeng. Wondene
kawiwahan sampun cekap, kembar mayang dilabuh wonten ing prapatan mergi, samudra, lan
sapanunggalanipun kagem maksud supados pengantin ugi eling kaliyan asal-usul
gesangipun inggih punika saking Bapak kaliyan Ibu dumados perantaranipun Gusti Pangeran Ingkang Maha
Kuwaos. Barang-barang kagem kembar mayang inggih punika:
a.
Wit
gedhang 2-3, kangge paesan. Kados
biasanipun dipun paringi slemek
saking tabung
ingkang kadamel saking kuningan.
b.
Empring aur
kangge penusuk (sujen)
c.
Janur
kuning, ± 4 lir
d.
Gegodhongan: godhong
kemuning, ringin, sarta rencek-rencekipun, godhong apa-apa, godhong girang
kaliyan godhong andhong.
e.
Nanas 2, pilih
ingkang sampun mateng kaliyan sami agengipun.
f.
Sekar melati
kaliyan mawar merah pethak.
g.
Degan 2 dipun oncek kulitipun
lan toyanipun sampun ngantos wutah. Ngandhapipun kadamel rata supados mbok
bilih diselehaken mboten ngglindhing kaliyan toyanipun wutah.
3.
Pasang tuwuhan
(pasren)
Tuwuhan katrapaken wonten lawang tumuju papan lenggah
pengantin. Tuwuhan kados biasanipun inggih punika wit-witan ingkang nggadhahi
makna:
a. Janur
Mugi supados
penganten ingkang
nggadhahi nur utawi cahya
terang saking Ingkang Maha Kuwaos.
b. Godhong Kluwih
Mugi kajatanipun
mboten wonten kekiranganipun, mbokbilih malah angsal kaluwihan saking ingkang
dietangaken.
c. Godhong waringin lan rencek-rencekipun
Dipendhet
saking tembung pengen , tegesipun
cita-cita ingkang diremenaken mugi-mugi katindakaken.
d. Godhong dadap serep
Saking tembung
rep, tegesipun adem, teduh, tentrem, lan mboten wonten gangguan.
e. Pari sewuli
Nggadhahi
teges, saya wonten isinipun saya merunduk. Mugi kedah kaluwihan lan kacukupan
gesangipun, saya entheng suku kaliyan astanipun kaliyan kedah siyap mbiyantu
sami ingkang kakirangan.
f. Cengkir gadhing
Toya degan, inggih punika toya suci resik, kang lambing
menika mugi tresna piyambakipun tetep suci dumugi akhir hayatipun.
g. Setundhun gedhang raja suluhan
Mugi mbenjang
nggadhahi wateg ingkang sami kaliayan raja hambeg para marta ingkang ngutamaken
kepentingan umum.
h. Tebu ulung watangan
Antepanipun
kalbu, yen sampun mantep nemtoken pilihan, mboten menga-mengo tengen kaliyan
kiwa mlalih.
i. Sekar kaliyan
woh kapas
Mugi kekalih
penganten mbenjang
mboten kekirangan sandhang, pangan, kaliyan papan, kedah pas, mboten pas-pasan.
j. Sekar setaman
dibokor
Mugi gesangipun
kekalih pengantin kedah padhang kaya dene sekar ing taman.
4.
Siraman
Ubarampe ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar
setaman, inggih punika toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air
ingkang disukani sekar setaman inggih menika mawar, melati kaliyan kenanga. Ingkang gadhahi tahap punika :
- Calon pengantin
nyuwun donga pangestunipun kaliyan kekalih tiyang sepuh.
- Calon
mantunipun lenggah ing tikar pandan papan siraman.
- Calon penganten disiram
kaliyan pini sepuhipun, tiyang sepuhipun, lsp.
- Disiram ngangge
toya kendhi kaliyan bapak ibunipun kaliyan dicuraken ing rai, sirah lan
awakipun calon penganten. Menawi toya
kendhinipun telas, kendhinipun lajeng dipecah kaluyan ngunjukake “niat ingsun ora
mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku wadon”.
5.
Adol dhawet
Upacara menika kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih
punika ibu calon penganten putri ingkang dipunpayungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut
inggih punika para tamu kanthi arta pecahan kreweng . Upacara punika
ngandhut pangajab supados mangke wektu upacara panggih lan walimahan, kathah tamu lan
rezeki ingkang dhateng.
6.
Midodareni
Midodareni inggih menika ndalu sakderengipun akad nikah,
inggih menika ndalu nguwalaken masa lajang kagem kekalih calon penganten. Adicara punika
kalaksanakaken wonten ing griyanipun calon penganten putri. Saklebetipun
adicara punika wonten adicara nyantrik kangge mestekaken calon penganten kakung
saged rawuh wonten ing akad nikah lan kangge bukti bilih kaluwarga calon penganten putri sampun
siap nglaksanakaken upacara wonten ing
dinten saklajengipun.
Midodareni saking tembung
widodareni saklajengipun dados
midodareni ingkang tegesipun ndamel kahananipun calon penganten putri kados
dene widodari. Wonten ing donya
pewayangan kaayunipun lan kabagusanipun calon penganten kaibarataken kayadene
Dewi Kumaratih lan Dewa Kumajaya.
Kaping 5 (Pucuk
adicara)
1. Ijab qobul
Kadadosan penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon penganten ngucapaken
sumpah wonten ing ngajengipun naib ingkang dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan tiyang sepuh kekalih
kaliyan para tamu undangan. Wektu akad
nikah, ibu saking kekalih, mboten ngagem subang utawi giwang
supados wujudaken keprihatinan kadadosan nikahaken utawi ngentasaken putra.
2. Upacara panggih
Wondene reroncening adicara upacara panggih inggih punika;
1.
Liron kembang mayang
Kekalih calon penganten tukar kembang mayang, gadahi teges manunggalaken cipta,rasa, lan karsa kangge sareng-sareng mujudaken kabahgyan kaliyan kawilujengan.
2.
Gantal
godhong suruh dipungulung alit
dipuntaleni bolah putih ingkang dipununcalaken kaliyan piyambak-piyambak
penganten, kanthi pangajab mugi sadaya godha bakal musna keno uncalan punika.
3.
Ngidak endhog
Penganten kakung ngidak endhog pitik ngantos pecah kagem simbol seksual
kekalih penganten sampun pecah pamoripun.
4.
Sukunipun
temanten kakung dipun wijiki dening temanten putri
Wijik ginakaken toya sekar setaman gadhahi amakna supados
winih ingkang dipun kasilaken resik saking tindakipun ingkang reged.
5. Ngunjuk toya
degan
Toya menika dipun anggep kangge lambang toya gesang, toya
ingkang suci lan toya nai (manikem)
6. Dipun kepyok
ginakaken sekar warna warni
Ngandhut angen-angen supados
keluwarga ingkang dipun bina saged raos suka lair lan batinipun.
7. Mlebet ing pasangan
Maknanipun pinanganten ingkang sampun dados pasangan
gesangipun kedah siap makarya nindakake kuwajibanipun.
8. Sindur
Sindur utawi isin mundur, tegesipun boten cepet gela
ngadepi tantangan pagesangan.
9. Timbangan
Bapa saking temanten putri lenggah wonten ing antaranipun
pasangan temanten kakung, suku ingkang kiwa dipun lenggahi temanten putri. Isinipun pacelaton singkat antarane bapa lan
ibu temanten putri inggih punika
temanten sampun imbang.
10. Kacar-kucur
Temanten kakung ngucuraken asilipun dhumateng temanten
putri ingkang awujud arta receh lan
kelengkapanipun. Ngandhut artos temanten badhe tanggung jawab nyaosi nafkah
dhateng keluwarganipun.
11. Dulangan
Temanten kakung lan temanten putri pada dedulangan .
wonten maknanipun tutur adilinuwih
dipun lambanganken ngangge sanga tumpeng ingkang nggadahi makna:
a. Tumpeng
tunggarana : supados kedah eling dhumateng Gusti.
b. Tumpeng puput : wanton piyambak.
c. Tumpeng bedhah
Negara : nyatunipun kakung lan
putrid
d. Tumpeng sangga
langit : bektos dhumateng tiyang
sepuh
e. Tumpeng kidang
soka : dados ageng lan alit.
f.
Tumpeng
pangapit : raos seneng
lan duka inggih punika saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos
g. Tumpeng
manggada : wonten donya punika boten wonten
ingkang abadi.
h. Tumpeng
pangruwat : kedah bektos
dhumateng mara sepuhipun.
i.
Tumpeng kesawa : wejangan supados sregep
makarya.
3. Sungkeman
Sungkeman
ungkapan bektos dhumateng tiyang sepuh, lan nyuwun donga pangestu. Caranipun
jongkok, nyepeng dengkulipun tiyang sepuh temanten putri, dipun wiwiti saking temanten putri dipun dherekaken temanten kakung, lajeng dhumateng tiyang sepuhipun temanten kakung.
4.
Boyongan
Inggih menika pihak keluwarga
temanten kakung mboyong temanten putri dhateng dalemipun temanten kakung
saksampunipun pahargyan pawiwahan, biasanipun saksampunipun sapeken (5 dinten).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar